1 / 11

Kidung 19

Kidung 19. Masmur 71. Masmur 71. Dhuh Yehuwah kula ngungsi Dhateng ngarsa Paduka Sampun kawula kwirangan Ing salami-laminya Mugi pangadilan Tuwan Mitulungana amba Tuwan mugi nilingaken Lan ngluwari kawula. 2. Tuwan mugi karsa paring Pangauban santosa Ingkang kenging kula damel

Télécharger la présentation

Kidung 19

An Image/Link below is provided (as is) to download presentation Download Policy: Content on the Website is provided to you AS IS for your information and personal use and may not be sold / licensed / shared on other websites without getting consent from its author. Content is provided to you AS IS for your information and personal use only. Download presentation by click this link. While downloading, if for some reason you are not able to download a presentation, the publisher may have deleted the file from their server. During download, if you can't get a presentation, the file might be deleted by the publisher.

E N D

Presentation Transcript


  1. Kidung 19 Masmur 71

  2. Masmur 71 Dhuh Yehuwah kula ngungsi Dhateng ngarsa Paduka Sampun kawula kwirangan Ing salami-laminya Mugi pangadilan Tuwan Mitulungana amba Tuwan mugi nilingaken Lan ngluwari kawula

  3. 2. Tuwan mugi karsa paring Pangauban santosa Ingkang kenging kula damel Pangungsen salaminya Tuwan beteng lan peparang Inggih Allah kawula Saking tiyang duraka

  4. 3. Kang kawula antos-antos Namung Tuwan, dhuh Allah Awit Tuwan ingkang dados Andel-andel kawula Dene kawula sumendhe Mring Tuwan Allah amba Wit Tuwan pangungsen kula Wiwit lair kawula

  5. 4. Alit mila nggen kawula Memuji dhateng Tuwan, Kathah tiyang sami eram, Wit saking tulung Tuwan, Cangkem kawula lubera Pamuji dhateng Tuwan Tuwan kawula luhurna Ing salami-laminya

  6. 5. Amba sampun Tuwan tilar Ing mangsa sepuh kula Icala karosan kula Tuwan paring santosa Dhuh Gusti Allah kawula Sampun ta Tuwan nebih Abdi Tuwan kang prihatos Enggal Tuwan tulungi

  7. 6. Tiyang kang nyetani amba Sadaya kawirangna Kang ngangkah bilai kula Mugi Tuwan tumpesa De pangaieng-ajeng kula Mantep saha santosa Tansah kula luhuraken Mring Tuwan Allah amba

  8. 7. Amba badhe ngluhuraken Sagung pitulung Tuwan Tansah badhe ngucapaken Eloking pangreh Tuwan Dene wiwit alit mila Kawula Tuwan tulung Ngantos sapriki kawula Nyriyosaken sih Tuwan

  9. 8. Tuwan sampun ngantos nilar Ingkang abdi kang sepuh, Sageda nyariyosaken Pangreh Tuwan kang luhur Pundi wonten kang nyameni Tuwan, Allah kawula ? Amba manggiha pakewed, Tuwan kang paring gesang

  10. 9. Tuwan ngentasaken amba Sing telengipun bumi, Saha kadrajatan amba Badhe Tuwan wewahi, Ngantos kinepang panglipur Tentrem manah kawula Ngriku kawula memuji Asma Tuwan kang mulya

More Related