html5-img
1 / 9

MACA CEPET

MACA CEPET. Dening: Angger Prakuntama, S.Pd. Carané maca sing umum katindakaké. a. Maca Teknik/Maca Nyuwara Maca teknik sejatiné maca nyuwara, yaiku nyuwarakaké simbul-simbul basa kang awujud aksara, kang dironcé dadi tembung, tembung dironcé dadi ukara.

moshe
Télécharger la présentation

MACA CEPET

An Image/Link below is provided (as is) to download presentation Download Policy: Content on the Website is provided to you AS IS for your information and personal use and may not be sold / licensed / shared on other websites without getting consent from its author. Content is provided to you AS IS for your information and personal use only. Download presentation by click this link. While downloading, if for some reason you are not able to download a presentation, the publisher may have deleted the file from their server. During download, if you can't get a presentation, the file might be deleted by the publisher.

E N D

Presentation Transcript


  1. MACA CEPET Dening: Angger Prakuntama, S.Pd

  2. Caranémaca sing umumkatindakaké • a. Maca Teknik/Maca Nyuwara Maca teknik sejatiné maca nyuwara, yaiku nyuwarakaké simbul-simbul basa kang awujud aksara, kang dironcé dadi tembung, tembung dironcé dadi ukara. • Sing kudu digatèkaké ing maca teknik yaiku: lafal utawa pangucapaning tembung, intonasi utawa munggah mudhuné irama, pamedhoting ukara, kalebu frase (kumpulan tembung). Sakliyané iku, kanggo ngertèni panguwasaning wacana utawa ngerti isi lan surasané wacan.

  3. b. MacaBatinMacabatin, bédakaromacateknik. Cara macabatinluwihnengenakéutawandhisikaképemahamanutawapangertènbabisinéwacan. • Tujuwanémacabatinkanggongertèniisinéwacan. • Teknikmacabatindigunakakékanggonglatihdayapengéling-élinglandayapanangkepépikirankanggopemahamaninformasi sing diwaca. • Ana ingteknikmacabatin, lambélansuwaraoramakarya, mungngandelakémripatlanpikiran. Dadilambéoraoléhumik-umiklannyuwara, tanganutawadrijioraéntuknudhingi. Semonougasirahoraéntukobahmèluarahéwacan.

  4. c. Maca Endah/Estestis Maca éndah yaiku maca kanthi ngatonaké kaéndahan lan estetika. • Thuladane, maca geguritan lan nembang. Maca éndah sejatiné padha karo maca nyuwara utawa maca teknik, bédané maca éndah kudu bisa ngatonaké rasa kaéndahan sing ana ing sajroning wacan sing diwaca, utawa penghayatan.

  5. d. Maca Cepet Maca cepet sejatiné uga maca batin, nanging tempo (wektuné) baé sing béda. • Ana ing maca batin anggoné maca biasa-biasa baé amarga ora ana watesané wektu

  6. maca cepet, anggoné maca diwatesi wektu. • Ancas (tujuan) baku teknik maca cepet yaiku narik utawa nggolèk lan ngumpulaké intisariné informasi utawa pangertèn kanthi cepet. • Cekaké, intiné maca cepet yaiku ngerti isiné wacan kanthi cepet. Ora ana gunané maca cepet yèn ora ngerti apa sing diwaca.

  7. Rumus ngetung cepete maca J…. • KM = WM • Katerangan KM : Cepeté maca J : Tembung sing diwaca WM : Wektu sing dibutuhaké maca

  8. cara-cara kanggo maca cepet • 1. Anggonémacaorasabentembung, nangingsaklompoktembung. • 2. Ajambolan-balènitembung sing wisdiwaca. • 3. Ajakesuwènmandhegsangarepéukara. • 4. Oradigagastembung-tembungkayata: ing, saka, marang, saking, lsp. • 5. Tanpangetokakésuarasakacangkem. (lambénéugaoraobah-obah)

  9. 6. Ora gèdhèk-gèdhèk sirahé ngetutaké dawané ukara. • 7. Pandelengané mripat ndhisiki tinimbang kedaling lambé utawa cangkem. • 8. Tembung sing angèl/manca ditinggal dhisik. • 9. Golèkana kunciné tembung ing sakjeroning ukara.

More Related