1 / 8

SESORAH

SESORAH.

bina
Télécharger la présentation

SESORAH

An Image/Link below is provided (as is) to download presentation Download Policy: Content on the Website is provided to you AS IS for your information and personal use and may not be sold / licensed / shared on other websites without getting consent from its author. Content is provided to you AS IS for your information and personal use only. Download presentation by click this link. While downloading, if for some reason you are not able to download a presentation, the publisher may have deleted the file from their server. During download, if you can't get a presentation, the file might be deleted by the publisher.

E N D

Presentation Transcript


  1. SESORAH

  2. Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato), inggih punika ngendika wonten ing sangajenging tiyang kathah. Langkung gamblangipun, wedharing pangandikan kasebat, anggadhahi ancas (tujuan/maksud) ingkang gumathok. Dene ingkang dipun maksud tiyang kathah punika, boten wonten watesanipun, inggih kinten-kinten langkung saking sadasa tiyang.

  3. Tujuanipun Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato), kaperang dados tiga (3), inggih punika : • Kangge nyaosi pangertosan dhumateng tiyang sanes. • Kangge nyaosi karemenan dhumateng ingkang kepareng midhangetaken, utawi kangge nyaosi panglipur dhumateng ingkang midhangetaken. • Kangge mempengaruhi pemanggih utawi pendirian ingkang mirengaken, supados kersa tumindak kados ingkang dipun suwun dening pamedhar pangandikan.

  4. Bilih Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato) punika kangge nyaosi pangertosan dhumateng ingkang midhangetaken, pramila tanggapan saking pamiyarsa ingkang dipun kajengaken, inggih punika pamiyarsa saged mangertos saha paham dhumateng punapa ingkang sampun dipun andharaken dening pamedhar pangandikan (ingkang maringi TanggapWacana/Sesorah/Pidato).

  5. Bilih Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato) punika kangge nyaosi karemenan/panglipur dhumateng ingkang midhangetaken, pramila tanggapan saking pamiyarsa ingkang dipun kajengaken, inggih punika pamiyarsa saged rumaos rena ing penggalih.

  6. Bilih Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato) punika kangge mempengaruhi pemanggih/pendirian, pramila tanggapan saking pamiyarsa ingkang dipun kajengaken, inggih punika kapitadosan pamiyarsa dhumateng punapa ingkang sampun dipun jlentrehaken pamicara, kanthi tulus saha iklas, pamiyarsa kersa nindakaken dhumateng punapa ingkang sampun dipun ngendikakaken dening pamicara.

  7. RANTAMAN UTAWI POKOK-POKOK TANGGAP WACANA / SESORAH ( PIDATO ) Ing salebeting Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato), kedah kamomot prekawis-prekawis ingkang sampun karantam kanthi urut kados ing nggandhap punika : Salam pambuka. Purwaka (pembuka). Isi Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato). Wigati (kesimpulan). Pangajeng-ajeng. Wusana (penutup). Salam panutup.

  8. Gateknasesorahiki, banjurwangsulanapitakon-pitakone! MENU

More Related