1 / 15

JENISING Wacana

JENISING Wacana. 1. Wacana Narasi / Naratif. MITURUT TUJUWANE Wacana kabagi ana 5 yaiku. 2. Wacana Eksposisi. 3. Wacana Deskripsi. 4. Wacana Argumentasi. 5. Wacana Persuasi.

cain-henry
Télécharger la présentation

JENISING Wacana

An Image/Link below is provided (as is) to download presentation Download Policy: Content on the Website is provided to you AS IS for your information and personal use and may not be sold / licensed / shared on other websites without getting consent from its author. Content is provided to you AS IS for your information and personal use only. Download presentation by click this link. While downloading, if for some reason you are not able to download a presentation, the publisher may have deleted the file from their server. During download, if you can't get a presentation, the file might be deleted by the publisher.

E N D

Presentation Transcript


  1. JENISING Wacana

  2. 1. WacanaNarasi / Naratif MITURUT TUJUWANEWacanakabagiana 5 yaiku 2. WacanaEksposisi 3. Wacana Deskripsi 4. WacanaArgumentasi 5. WacanaPersuasi

  3. Yaiku wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. 1. Wacana Narasi / Naratif

  4. Narasi / Naratif Ekspositoris yaiku Wacana kang mung menehi katrangan lugu / apa anane. Wacana Narasi / Naratif ana werna loro :

  5. Jam 06.00 Parmi mangkat menyang pasar arep kulakan. Tekan ngisor wit klapa dicegat Parto lan dijaluk dhompete. Parmi mbengok, Parto bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Parmi. Parmi tiba semaput, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yan Parmi mati, Parto mlayu …. Tuladha Wacana Narasi / Naratif Ekspositoris

  6. YaikuWacanakangngracikkanthiruntutngantibisanggugahpengangen-angenewongkangmaca. Wong kangmacaterusnjupuk sari/maknaanyar. Tuladha CeritaDongeng Novel Komik Cerkak Cerbung b. Narasi / Naratif Sugestif

  7. Bedane Narasi Ekspositoris • Njlentrehake wawasan. • Mbeberake katrangan bab prastawa. • Adhedhasar nalar. • Basa informatif, tembunge denotatif. Narasi Sugestif • Mbeberake makna kang sinandi. • Nguripake pengangen-angen (imajinasi). • Nalar mung kanggo nggayuh surasa (makna). • Basa figuratif, tembunge konotatif.

  8. Yaiku Wacana kang mbeberake analisa proses nganggo cara Narasi Ekspositoris, tujuwan wacana Eksposisi yaiku njembarake pangertene uwong. 2. Wacana EKSPOSISI

  9. Carane gawe sabuk kulit Kawitan, kulit digelar kanthi perangane daging ing ngisor lan perangan njaba ing dhuwur. Kulit banjur digaris kanthi ukuran; dawa 75 cm lan amba 3 cm. sakbanjure sawise entuk rong potongan kulit, banjur perangan njero diwenehi lem nganti rata ……… Tuladha :

  10. Yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek). Obyek mau kaya-kaya ana ngarepe wong kang maca. 3. Wacana Deskripsi

  11. Lemari wesi werna abang, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. Lawange wis ora bisa ditutup, tur teyengen pisan. Rak-rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku-buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono. Tuladha

  12. Yaiku Wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake penulis. Argumentasi penulis mbudidaya ngrakit kasunyatan (fakta), kanggo mbuktekake yen panemune mau bener apa ora. 4. Argumentasi

  13. Alkohol bisa gawe cilaka Ngombe alkohol sajroning wektu kang suwe bisa ndadekake tiwas amarga keracunan utawa kacilakan. Ing Amerika Serikat saben tahun 25.000 jiwa mati amarga kacilakan lalu lintas awit nyopir nanging lagi mendem. Meh 15.000 jiwa tumindak kasar klebu nglalu, amarga mendem. Ana 40 juta anak lan bojone padha sengsara nandhang tekanan mental awit salah siji keluargane ketaman nyandu alkohol. Tuladha :

  14. Yaiku Wacana kang nduweni tujuwan supaya wong tumindak jumbuh karo kang dikarepake dening penulis. Wong kang maca persuasi kudu percaya tanpa di peksa. 5. Wacana Persuasi

  15. Propaganda Iklan Selebaran Kampanye Wara-wara Tuladha :

More Related