1 / 11

Jinising Wacana

Jinising Wacana. Dening : Angger Prakuntama. Nulis lan Mbeberke (Pidhato) Wacana Naratif, Deskriptif, Eksposisi, Argumentasi, lan Persuasi. Naratif (Nyritakke)

dougal
Télécharger la présentation

Jinising Wacana

An Image/Link below is provided (as is) to download presentation Download Policy: Content on the Website is provided to you AS IS for your information and personal use and may not be sold / licensed / shared on other websites without getting consent from its author. Content is provided to you AS IS for your information and personal use only. Download presentation by click this link. While downloading, if for some reason you are not able to download a presentation, the publisher may have deleted the file from their server. During download, if you can't get a presentation, the file might be deleted by the publisher.

E N D

Presentation Transcript


  1. JinisingWacana Dening : AnggerPrakuntama

  2. Nulis lan Mbeberke (Pidhato) Wacana Naratif, Deskriptif, Eksposisi, Argumentasi, lan Persuasi. • Naratif (Nyritakke) Wacana naratif yaiku wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. utawa wacana kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu.

  3. Wacana narasi ana werna loro : • Narasi ekspositoris = wacana kang mung menehi katrangan lugu / apa anane. upamane : Siswa nyritakake kedadeyan ing njero kelas nalika piwulang Basa Jawa. utawa : Jeksa nyritakake kedadeyan rajapati ing pengadilan. Tuladha : Jam 06.00 Darmi mangkat menyang pasar arep kulakan. Tekan ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen Darmi mati, Darmo mlayu nginggati.

  4. b. Narasi sugestif = wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen-angene wong kang maca. Tuladha : Dongeng (Abu Nawas), Roman, Novel, Cerkak, lsp.

  5. Bedane : • NARASI SUGESTIF 1. Mbeberke makna kang sinandi 2. Nguripke pangangen-angen (imajinasi) 3. Nalar mung kanggo nggayuh surasa (makna), yen perlu nalar dilirwakke. 4. Basa figuratif, tembunge konotatif • NARASI EKSPOSITORIS 1. Njembarke wawasan / pangerten 2. Mbeberke katrangan bab prastawa 3. Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk 4. Basa informatif, tembunge denotatif

  6. 2. Deskreptif (Nggambarake) Yaikuwacanakangnggambarkekanthicethasalahsawijiningkahanan (obyek), obyekmaukaya-kayaanangarepewongkangmaca. Tuladha : Lemariwesikelirklawu, kangmapananapojokkantor guru, wisrusak. Lawangewisorabisadiinepake, turteyengensisan. Rak-rakaneyawispadhapeyok. Mulayawisorakuwatnyanggabuku-bukuutawapirantiliyanekangarepdisimpenanakono.

  7. 3. EKSPOSISI (Nyritakake Proses) Sajroningwacanaeksposisidibeberakeananeanalisaprosesnganggocaranarasi. Narasikangmangkonomaudiaraninarasiekspositoris / narasiteknis, awitancaskangtinujutitisekatranganngenanisawijiningprastawakangdibeberke. Dadiancasepadhakaroeksposisiyaikunjembarakepangerteneuwong. Tuladha : Caranegawesabukkulit, Taskulit, lsp.

  8. 4. ARGUMENTASI (Panemu) Yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi penemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake penulis / kang ngomong. Tuladha : ALKOHOL BISA GAWE CILAKA Ngombe alkohol sajroning wektu kang suwe bisa ndadekke tiwas amarga keracunan utawa kacilakan. Ing Amerika Serikat saben tahun 25.000 jiwa mati amarga kacilakan lalu lintas awit nyopir nanging lagi mendem. Meh 15.000 jiwa tumindak kasar utawa nglalu, amarga mendem. Ana 40 juta anak lan bojone padha sangsara nandhang tekanan mental, awit salah ssiji keluargane ketaman nyandu alkohol.

  9. Penulis ngerti dhewe kira-kira 10 wong kang nyandu Senajan wis suwe ora ngombe alkohol, ana tengara rada cethek nalare, gampang nesu, gampang mutung, gampang nglokro, pamikire mulek ana panemune dhewe.

  10. 5. Persuasi • Persuasi karo argumentasi meh padha, awit padha-padha mbudidaya supaya percaya antarane siji lan sijine kang lagi rembugan. • Nanging satemene ana bedane yaiku :

  11. Bedane : • Persuasi • Mbudidaya supaya pada sarujuk • Proses supaya wong percaya lan bisa nampa apa kang dikarepaake kang nulis / celathu. • Tansah ngendhani dredah. • Argumentasi • Mbudidayambeberkebuktiyenpanemunekangnulis / celathuikubener. • Prosestumuju kesimpulan. • Kahananrangu-rangu / dredahbabkangdianggepbener.

More Related